Rekasane dadi kethek

Diarsipkan dalam kategori: Dari Penulis tanggal: 25 October 2008 oleh Mbah Dewo

Kethek kuwi salah sawijining sato khewan kang lucu, nanging iso ugo mbebayani yen durung kuthuk utawa yen lagi kagol. Yen nesu utowo kagol iso malah nyokot utowo nggrawuk kang ngingu.

Ing saparan-paran kethek ono kang dienggo nggolek duwit sarana didadekake sirkus, sing ing panggonanku diarani ledek munyuk. Bocah-bocah cilik biasane podo seneng ndeleng si kethek kang lucu megal-megol niru sapolahe manungso.

Dadi kethek sakjane kepenak, mergo ora biso mikir koyoto menungso. Dadi ora tau mikir mangkel, srei, utowo bingung nggolek duwit.

gambar kethek besarNanging yen si kethek ora biso nindakke opo sing dikarepke para menungso ing sakiwo tengene, si kethek yo paling mung dipisuh-pisuhi, kepara malah dibalang sandal. Ning karangyo jenenge kethek raiso mikir, dibalang sandal malah disaut ditampani karo pringas-pringis.

Kethek kuwi khewan kang mesakke, uwis nindakke sapolah tingkah kanthi ora njaluk bayaran kejaba dipakani kok yo isih do dipisuh-pisuhi dening menungso. Menowo ono menungso kang serik karo si kethek, utowo mangkel mergo wis njaluk si kethek supoyo njoget kok malah ketheke kleru akting njupuk payung banjur lungo menyang neng pasar.

Jeneng misuh yo mestine ora nganggo tetembungan kang alus, biasane nganggo jeneng khewan liya-liyane barang. Jane malah rodo lucu nek kethek kok diunekke khewan liyo sing sok njegog utowo mbaung. Isih bejo nek mung dipisuhi, nek nganti dibalang sandal, yen keno lak tambah bonyok bathuke.

Kanggo para kethek, wis trimakno wae nasibmu dipisuh-pisuhi. Gusti Kang Maha Kuasa sing bakal mbales.
:(
Kanggo para menungso kang pinter lan wicaksono, kudu luwih nduweni rasa tepo sliro, lembah manah, lan njaga tumindak sarta omongan. Merga ajining diri dumunung ono ing lathi. Yen ora gelem dipisuhi, ojo sok misuh-misuh. Semono ugo, yen ora gelem dioyak kethek, ojo sok mbajuli kethek.
:)



No related posts.


32 Responses to “Rekasane dadi kethek”

  1. satria says:

    sugeng tepang mbah dewo…critone biso dadi tuladha hehe..

  2. opo yo tahu to mbah survey kethek neng gembiroloko mbah

    • Sadewo says:

      @Salokso: Rasah perlu survey, kari ndelok neng pengilon aku wis weruh kethek.
      (mugo-mugo iso dimangerteni menowo le ku nulis artikel kuwi mawa kiasan)

  3. harisxyz says:

    melanglang buwana, mencari sejumput informasi,
    mendarat di rumah mbah Dewo,

    ehhhhh

    ndilalah …

    ketemu

    kethek …

    bravo mbah, LANJUTKAN …..!!!!

  4. ardian says:

    he…. hee…

    simbah postingannya keren2….

    kok bisa pinter kyak gtu resepnya apa mbah…?

    pake kemenyan g`?

    kumjungi q balik yach..truzz koment2 byar q t,bh pnter kyak simbah…

    mbah aslina orang mna tah…?

    suwunnn……..

  5. WongSoLo says:

    Mas Dewo,, Kenapa Kethek bukanya anggota tubuh ?? yang mengeluarkan burket itu lhooo ?

  6. herdy says:

    biarin aja mbah, itu tanda2 orang syirik.
    yang penting saya sangat berterimakasih kepada mbah karena kalo gak membaca langkah2 yg dibuat mbah apa jadinya ijazah d3 gw.
    sekali lg terima kasih mbah.
    mbah sangat berjasa.

  7. The Cosmo says:

    Peh…
    Jadi inget surat pembaca di okezone.com. Ada yang protes karena Iklan XL pake model monyet. Orang yang protes tersebut katanya merasa di-monyetkan iklan XL.

    Tapi kalo dipikir-pikirlucun juga. Kalo orang yang protes tersebut merasa disindir oleh iklan XL, brarti orang tsb bener-bener monYet. Hwa hwa hwa….

    • Sadewo says:

      Itulah yang sering terjadi saat ini mas The Cosmo. Kita semua masih terburu-buru dalam mengambil makna dari apa yang kita lihat / rasakan.

  8. eddybiz says:

    Mbah Dewo …. ono kethek dadi artis …. wis ngalahke Luna Maya …. cobo ndelok iklan XL …. kethek e dibayar piro yo ???

  9. sinyobeta says:

    Jangkrik…. (eh kethek……)
    Onok sing ngrasani aku iki….

  10. d02now! says:

    Huahahahaha..
    Dewo..dewo..kanca lawas jejere sugeng umbel. Senengane singsot swara kewan kuthuk, malah saiki posting kethek.
    How r u, mamen?

    • Sadewo says:

      Kabare apik2 wae dab, isih kuru koyo mbiyen dek SMP. Nek muni sugeng umbel ojo sero2, ndak wonge krungu.
      Halah, nek aku singsot suara kuthuk ketoke kowe sing mbiyen paling sewot, jaremu suarane cemengkling mbrebegi kuping.
      :D

  11. weh mbah dewo selain mahir neng dunia photoshop yo ternyata mahir neng dunia kethek barang to..wes tau dadi kethek to mbah? :D **mlayu ah ndak di pisuh-pisuhi koyo kethek**

    • Sadewo says:

      Menowo mas blogger-jogja arang ndelok tivi pas acara Flora dan Fauna utowo Dunia Satwa. Kok iso ora ngerti nek aku kerep dadi pemeran pengganti yen ketheke ora do gelem disoting.

  12. andix says:

    mbah, aku malah meri karo kethek, amargo ora mumet mikir photoshop

  13. aisalwa says:

    xixi … ngimpi opo to mbah …. kok ampe nyambung ma ‘kethek’
    ehm …

    begitulah kethek dan hewan2 lainnya …. untung ada mereka ya

    :D

  14. Ray says:

    wah ada manusia satu lagi yg tidak terima telah diberi hiburan (tutorial danilmu) sama sang ketek.. sudah ditulis tapi tetep juga gak bisa paham :)

    sante mbah.. tak kancani dadi ketek ;)

  15. black says:

    tutorialnya jgn cuma photoshop dong!!! saya lagi butuh tutorial adobe premiere buat pemula nihh.. bisa tolong kasi tau link-nya ga?

  16. harryjogja says:

    Hooooo alaaah theeeek kethek. Urip pisan wae kok dadi tontonan jih mekso dipisuhi. Ha neng giniyo kok yo mekso ijih akeh menungso sing meguru marang kethek. Lha nyatane omah wis dwe, mobil kinclong sasat laler wae kepleset menowo arep menclok ‘aso amargo kesel mabur, wis dwe rekening mayuto yuto keporo milyar. Lha kok yo isih kurang. Trus sing manggon ono pinggiran kali, ono ngisor jembatan keporo pinggir alas kuwi kon mangan opo nek kabeh di”gasak” koyo omo tikus sing ono sawah sasat tanpo siso.
    Sejatine menungso kuwi urip uripan sing kagungan kamulyan kang tanpo linuwih soko sak kehing dumadi merga dimodali uteg kan biso kanggo milah iki apik iki olo. Iki halal iki haram. Neng ewo semono keno ngopo tumindak sing kudune di enggo neng alam kewan malah di”adobsi”—-maaf mBah biar rada keren dikit— neng alam manungso. Sifat tamak, iri dengki, rakus, daksio iku kabeh penganggone para kewan, ning ya ora sithik menungsa sing pada niru kelakuan sing kaya ngono mau. hallah embuh mbaaa….h. tambah mumet. mikir photoshop wae puyeng jomeneh mikir kahanan. Semoga Alloh melindungi kita dari perbuatan dan sifat hewani.

    • Sadewo says:

      Pancen yo sifate menungso, diparingi nafsu supoyo gelem nyambut gawe ngramekake donya. Ananging ojo nganti ketungkul nuruti nafsu. Semono ugo diparingi kepinteran, ojo nganti dinggo minteri wong liyo. Wis diparingi tuthuk kang apik, ojo nganti dinggo ngethokake ukoro kang ora becik.

Leave a Reply